Kamis, 10 Desember 2009

Dina MGMP Basa Jawa

Ing Tlatah Jawa Timur Racake dina kang digunakake pasamuan MGMP Basa Jawa yaiku dina Kamis. Tuladhane ing kab. Tuban, Kab. Kediri, Pacitan, Ngawi, Madiun. Pasuruan, Malang Tumekane Banyuwangi.
Iki dudu kesepakatan MGMP ning kok ya dilalah bareng kabeh, yen dirasa wis nyawiji ing nala mung kari piye ngguyubake murih bisa ketemune MGMP lintas kabupaten kanggo nambah kawruh.
E sapa ngerti pengalaman para dwija kab. siji bisa kanggo dwija ing kab liyane. Ana Pepacuh " Ngelmu iku kelakone kanthi laku."

Hayooooo kapan iki MGMP sing dwijane tus tusss lulusan Pawiyatan luhur bisa ngrembakake Sastra Budaya lan Basa Jawa amrih bisa kaloka kaonang-onang ora kasilep nggon Globalisasi.

Rabu, 04 November 2009

SK gubernur Jatim no 188/KP/188 tanggal 11 juli 2005

Kadosipun para dwija lan punggawa Basa Jawa kathah sanget ingkang dereng mangertosi isinipun SK Gubernur Jatim ngengingi Muatan Lokal Wajib ing Tlatah Jawa Timur. Mangga kadang ingkang kagungan kersaa gethok tular copy sk gubernur kalawau. utawi pendhet sk punika

Kamis, 29 Oktober 2009

Forum BJJT

Kawiwitan saking kegiatan Dinas Pendidikan Propinsi ingkang dipunpandhegani dening Bidang Tendik Propinsi Jawa Timur kanthi tema " Peningkatan Kinerja Guru Bahasa Jawa Propinsi Jawa Timur" punika Blogspot kadamel kangge srana tukar kawruh antawisipun Dwija Basa Jawa, pamerhati basa lan sastra, budayawan, sastrawan ing pangangkah mugi Basa Jawa tetep lestari lan wiwit lare ngantos dewasa remen angginakake basa jawa saha saget angetrapake trasila lan suba sita dumateng asanes.

Kegiatan punika kapilah dados kalih tahap, tahap 1 kawiwitan tanggal 26 ngantos 18 Oktober 2009, tahap 2 kawiwitan tanggal 29 nganti 31 Oktober 2009.