Kamis, 29 Oktober 2009

Forum BJJT

Kawiwitan saking kegiatan Dinas Pendidikan Propinsi ingkang dipunpandhegani dening Bidang Tendik Propinsi Jawa Timur kanthi tema " Peningkatan Kinerja Guru Bahasa Jawa Propinsi Jawa Timur" punika Blogspot kadamel kangge srana tukar kawruh antawisipun Dwija Basa Jawa, pamerhati basa lan sastra, budayawan, sastrawan ing pangangkah mugi Basa Jawa tetep lestari lan wiwit lare ngantos dewasa remen angginakake basa jawa saha saget angetrapake trasila lan suba sita dumateng asanes.

Kegiatan punika kapilah dados kalih tahap, tahap 1 kawiwitan tanggal 26 ngantos 18 Oktober 2009, tahap 2 kawiwitan tanggal 29 nganti 31 Oktober 2009.

3 komentar:

  1. Kula remen sanget menawi kita sedaya minangka guru basa jawa saget makempal lan saget ngrembakakaken saha tukar pengetahuan menapa kemawon migunakaken wadhah "dunia maya" ingkang boten kawatesan wektu saha panggenan. Mas Rahmad... langkung prayogi menawi wonten ngelmu ingkang perlu katrasfer dumateng kita sedaya dipun damel link kagem download file ingkang kita upload. Kula inggih sampun nyobi wonten blog mgmp basa jawa sidoarjo. Matur nuwun sanget infonipun.

    BalasHapus
  2. Wonten tiyang ingkang sarujuk kaliyan tatatulis aksara Jawa enggal, wonten ugi ingkang taksih ngugemi tatatulis aksara Jawa ingkang lami. Prayoginipun kados pundi? Kamangka lare menawi dipunwucal aksara Jawa menika sampun ngraosaken angel, menapa malih menawi dipun angel-angel kaliyan aturan utawi wewaton ingkang sakalangkung rumit. Kados pundi pamanggihipun para sumitra?

    BalasHapus
  3. seratan aksara Jawi punika kathah sanget ingkang dipun rembag. katemtokaken rumiyin, pundi ingkang kedah dipunparingaken dhateng siswa, cundhuk kaliyan kelas lan kawontenanipun. lajeng punapa kemawon ingkang kedah ajeg/pancet, dipun ewahi, lan sanesipun.punapa inggih mekaten, para kadang?

    BalasHapus